Wednesday, March 18, 2015

Ngecek Form Isine Bener Apa Ora Nganggo PHP

Jane cara ngecek isian nang form bener apa ora bisa nang rong panggonan:
1. Sekang ngarep, basa jawane frontend
2. Sekang mburi, basa jawane backend

Nek sekang ngarep bisa nganggo javascript, nek sekang mburi gumantung karo basa sing dinggo, ana sing nganggo perl, php, asp, python, ruby, java, scala, nodejs, mbuh liane aku ora tau nganggo

Njuh siki jajal nganggo PHP

Jajal siki rika nggawe formulir kaya kiye, trus simpen nganggo jeneng formulir.php

<!DOCTYPE html>
<html>
<head><title>.</title></head>
<body>
<form method="POST" action="proses.php">
<input name="umur" /><input type="submit" />
</form>
</body>
</html>

Nek rika nggawe formulir, aja kelalen si PHP-ne dikon ngecek ana variabel sing dikirim apa ora, contone nganggo ISSET kaya kiye, jajal simpen nang file proses.php

<?php
if (isset($_POST['umur'])){

   // formulire diproses nang kene

}

jajal dideleng, nek wis mesti ana variable umur sing di POST, siki rika kudu mikir, kae isiane angka apa string.

PHP nduwe fungsi jenenge is_numeric dinggo mriksa kae variabele angka apa dudu

jajal deleng kaya kiye


if (isset($_POST['umur'])){
   $umur = $POST['UMUR'];
   if (is_numeric($umur)){
      echo 'Rika bener ngisi umure angka kae';
   } else {
      echo 'Jan, rika priwen si ngisi umur malah nganggo jenenge bojo nom?';
   }
}