Dina kiye nyong kepengin gendhu-gendhu rasa karo rika padha mbahas kepriwe carane nggawe virtual host nganggo xampp (inyong nganggone xampp versi 5.6.8 sing portable) nang Windows (inyong nganggone Windows 8.1 Pro). Kayane si ya carane akeh, mung inyong arep mbahas carane inyong, inyong njaluk ngapura dhisit nek carane mandan salah apa kepriwe, nek salah ya tulung rika komen ditidokna salaeh nang ndi trus kepriwe cara sing bener dimen sedulur-sedulure inyong ora melu-melu salah, iya apa iya jajal?
Nek arep donlot xampp versi 5.6.8 jajal ming ngeneh dhisit
http://sourceforge.net/projects/xampp/files/XAMPP%20Windows/5.6.8/xampp-win32-5.6.8-0-VC11.zip/download
Dulur, ana telung langkah (jane si ya loro kayane ya) nek arep nggawe virtual host nganggo xampp:
1. ngedit file HOSTS, file kiye ana nang folder c:\windows\system32\drivers\etc
2. ngedit file HTTPD.CONF, file kiye ana nang folder c:\xampp\apache\conf
3. ngedit file HTTPD-VHOST.CONF, file kiye ana nang folder c:\xampp\apache\conf\extra
manjuh maring langkah kaping siji: ngedit file HOSTS
sing perlu dicatet, nek rika arep ngedit file HOSTS rika kudu dadi ADMINISTRATOR (nek nang linux jenenge ROOT), dadi pestekna dhisit rika tipe akun-e kudu administrator
siki jajal rika klik kanan editore rika (Notepad++ utawa Sublime Text utawa Atom nek nang komputere inyong) terus klik Run As Administrator
Wis apa durung? nek uwis jajal klik menu File > Open
mengko kotak dialog OPEN, trus tulis jeneng file sing arep dibukak, gambare kira-kira kaya kiye
nek wis ditulis jeneng file sing arep dibukak (file HOSTS), jajal dideleng isine, nek file sing dibukak kuwe urung tau diapak-apakna isine kira-kira kaya kiye
critane file HOSTS kiye gunane dinggo nyimpen daftar domain karo pasangan alamat IP-ne
jajal siki di-isi

No comments:
Post a Comment